Contoh Geguritan Bahasa Jawa - Mripat

Mripat
Dening Dhea Adzana Putri
Gusti maringi aku mripat sehat
tanpa cacat
Mripat loro gratis sampurna
Aku iso delok opo wae cetha
Uwit-uwit, sawah-sawah, bangunan,
langit, lan liya-liyane iso tak delok jelas
Maca buku karo turu ora masalah
Dolanan HP karo laptop jam-jaman
tanpa leren dadi kebiasaanku
Nganti
tekan sawijining dina, opo wae sing tak delok seka adoh dadi blabur lan ora
cetha
Aku
bingung, tak ucek mripatku, tetep ora cetha
Aku
kudu piye?
Aku
kudu piye?
Terus
aku mriksakke mripatku
Mripatku
cacat
Mripatku
kena miopi lan agtismatisme
Akhire aku nganggo kacamata
Kacamata ora gratis
Kacamata iso ketinggalan
Yo kanca, jaga mripatmu
Aja melu-melu aku
Komentar
Posting Komentar